Gunungan minangka katrangan. (Museum Sonobudoyo)
Tåpå Pépé : Gunungan minangka katrangan. (Museum Sonobudoyo)
Gunungan minangka katrangan. (Museum Sonobudoyo)

Tåpå Pépé

Ndårå kula... punapa andikå sedåyå koncatan saliring råså... kelangan geteré nalar.


Kun Prastowo
Pangadeg Slogohimo Library

Ndårå kulå...
keparengnå kulå tåpå pépé
wonten ngisor wit ringin kurung
Dewådaru Jåyådaru
sangajengé kori Brajånålå.

Nyunggi pengarep-arep:
sumanggå katuran midhangetaken
sanggit trewåcå wélå-wélå
kagambar sajroning sekar sinom
kapacak ing serat Kålåtidhå
pupuh kaping papat;

Dhasar karoban pawartå,
bebaratan ujar lamis,
pinudyå dadyå pangarså,
wekasan malah kawuri,
yen pinikir sayekti,
mundhak åpå aneng ngayun,
andhedher kaluputan,
siniraman banyu lali,
lamun tuwuh dadi kekembanging bekå.

Ndårå kula...
punapa andikå sedåyå koncatan saliring råså
kelangan geteré nalar

Sumånggå
samené sauntawis
mahas sepine pengangen
njiret babahan håwå sångå
ngracut gebyaré donyå
ndheruki ilmu titen

Niteni lelakon
niteni samu barang perkårå
niteni underé pradondi

Alam nora naté goroh
jujur
blåkå sutå
blak kotang

Den, gusti kula...
andikå jejeré:
trah kusumå rembesing madu
wijiling atåpå tedhaking andånå warih
ananging nora bedå kåyå wayang kelangan gapit
nglumpruk dadi bebandan

Cobi wonten pundi dunungé asthåbråtå?
punåpå andikå maksih kemutan såmå bedå dånå dhendhå,
nisthå madyå utamå,
dalah
anåtå aniti aparikså amiseså?

Kang sumimpen telenge ati
den prayogå
kababar ing kedalé lathi:
nora mbalenjani


Berita Terkait

Mungkin Anda Tertarik